Mung Kanggo Awakmu

Puisi Sang Penulis Riau Global

Mung Kanggo Awakmu


Natuna - Riau Global (Agusnawan Siregar) - Jumat, 06/01/2017 - 11:51:57 WIB

Erwin Prasetio Sang Penulis Natuna

TERKAIT:

Tak rewangi mbanting balung nganti remok rempi, 

Mung Kanggo awakmu.

Tak rewangi mepe rogo nganti geseng,   

Mung kanggo awakmu.

Tak rewangi adus keringet nganti kelambi keploh, 

Mung kanggo awakmu.

Tak rewangi gelot karo omo nganti ngisik terus,  

Mung kanggo awakmu.

Tak rewangi melinter usus nganti senep,  

Mung kanggo awakmu.  

Tak rewangi ngerai gedek ngempet wirang, 

Mung kanggo awakmu. 

Tak rewangi ora nyandang nganti kancaku waleh nyawang,  

Mung kanggo awakmu. 

Iyo Ndok, kabeh kui mung kanggo awakmu. 

Mbok Ngertio. 

Sawangen Aku. 

Sawangen Awakku kari ketok balong karo kulit. 

Kerono utekku loro miker. 

Lan bathinku keronto-ronto.

Aku ora butuh opo-opo.

Mek njaluk ngertenono Aku.  

Iyo ngertio.    

Jungkir genukku iki kabeh mung kanggo awakmu.

Erwin Prasetio, 

Natuna 04 Desember 2017


Punya info menarik atau ingin berbagi berita silahkan
sms ke : 081276737422 atau PIN BBM : 26A4B99F
atau via email : redaksi@riau-global.com
(Lengkapi data diri atau intansi berita warga dan rilis)



(389) Dibaca - (0) Komentar
[ Kirim Komentar ]

Tidak ada komentar

Diberdayakan oleh Blogger.